Umur

Wonokairun lagi ngobrol soal umur ambek koncone sing podho kewute.

Wak So sing umure 60 taun mulai cerito, "Paling gak uenak iku lek wis umur sewidhak.  Ben obah sithik kebelet pipis, tapi bareng wis nang jedhing sampek sepuluh menit gak metu blas, mek anyang-anyangen thok."

Wak Nyo sing umure 70 taun gak gelem kalah, "Lho durung weruh kon yo, paling gak uenak yo lek umur pitung puluh.  Mangane kudhu bubur bayi maneh.  Mari ngono, ben arep longgo mesti mules kebelet setor, tapi bareng wis ndhodhok sampek sepuluh menit gak metu blas, mek kepentut bolak-balik"

Akhire Wonokairun, sing umure 80 taun, melok ngomong,"Wok kemalan kabeh, sing paling gak weunak yo umur 80 koyok aku ngene".

Wak So takok,"Lho peno yo anyang-anyanen koyok aku ngene yo ?".

"Yo gak se, aku tetep isok pipis lancar ben isuk jam 6." jare Wonokairun bangga.

Wak Nyo genti takok,"Sampeyan mesti ngalami mules kepentut-pentut koyok aku yo ?"

"Sori Rek, aku tetep isok setor lancar ben isuk jam setengah pitu." jare Wonokairun bangga.

Wak So ambek Wak Nyo malih bingung lan penasaran,"Sik tah lah, peno sik isok pipis lancar ben jam 6 isuk, terus peno sik isok setor lancar ben jam setengah pitu isuk. Lha terus opo sing nggarakno gak uenak lek wis umur 80 ?"

"Masalae mek sithok, aku sering kerinan, tangiku mesti jam pitu isuk . . ."