Bakso Spanyol

Bunali ngelencer nang Spanyol kepingin ndelok matador.
Mari mlaku-mlaku, wetenge luwe terus mampir nang restoran.
Mergo menune kuabeh nganggo bahasa Spanyol, Bunali malih bingung.

Akhire Bunali takok nang pelayane opo menu sing paling special.
Ambek pelayane Bunali ditawari bakso spanyol, Bunali setuju.
Pas panganane teko, tibake penthol bakso mek loro dihias godhong tales.
Mergo luwe, penthol loro iku diunthal sak emplokan, tibake bakso spanyol yo enak pisan pikire. Mari mangan, Bunali takok nang pelayane "Daging opo iku mau, kok enak baksone?"

Pelayane ngomong lek iku ngono bijine sapi sing matek kalah tarung ambek matador.
Pertama Bunali kudhu muntah pas krungu, tapi mergo enak yo wis gak opo-opo.
Cumak Bunali kuaget pas mbayar tibake regone luarang, untunge sangune nang kesak sik cukup.

Sisuke Bunali teko maneh nang restoran iku maneh katene pesen bakso special koyok wingi.
Mergo nggondhok, sak durunge budhal, Bunali nyeblek kecoak terus disaki.
Pas panganane teko, tibake penthole saiki rodhok cilik. Gak opo-opo wis, sing penting enak.
Mari mangan, Bunali ngetokno kecoak ambek bengok-bengok.
"Aku gak gelem mbayar, lha mosok baksone onok kecoake" jare Bunali.

Pelayane akhire ngalah, Bunali gak perlu mbayar.  Bunali sueneng akale berhasil.

Pas katene mulih, Bunali protes maneh nang pelayane opoko kok penthole saiki rodho cilik gak koyok wingi.

Pelayane cerito lek dino iki sing kalah matadore.