Maling Semongko

Bunali lagi pusing soale kebon semongkone ben bengi dijarahi wong, padahal lagi wayahe panen.
Wis diakali macem-macem sik pancet ae akeh sing ilang.
Jarene wong sing nyolong iku Wonokairun, tapi Bunali gak wani nangkep.
Akhire Bunali nemokno cara cik malinge kapok.
Sore-sore sak durunge mulih, Bunali masang papan peringatan sing onok tulisane ngene, “Awas !!! Ati-ati lek arep nyolong. Salah siji semongkoku iki wis tak suntik racun”
Mari ngitung semongkone sing mateng, kabeh onok limolas, Bunali mulih.
Sisuke Bunali nyambangi kebone maneh, pas di ijir semongkone sik pancet limolas.
“Wah tibake malinge gocik, tak bujuki ambek pengumuman ae wis wedhi ” pikire Bunali.
Mari ngono Bunali ndhelok papan pengumumane ambruk, wah paling ketiup angin, pikire Bunali maneh.
Pas diwalik, tibake papan pengumumane ditambahi tulisan ambek malinge,
“Awas !!! saiki onok loro”.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Ada yang mau Anda sampaikan? Silahkan Anda masukkan komentar, kritik atau saran Anda! Dan terimakasih untuk tidak spam.